Rabu, 03 Agustus 2011

Khotbah Idul Fitri 2005

KHUTBAH IDUL FITRI 1426 / 2005
Oleh : Drs. H. Akrim Mariyat, Dipl.Ad.Ed
Hari : Kamis, 1 Syawwal 1426 / 3 Nopember 2005
Tempat : Pondok Modern Darussalam Gontor Ponorogo


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الله أكبر × 9
الله أكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا. لا إله إلا الله ولا نعبد إلا إياه مخلصين له الدين ولو كره الكافرون.
لا إله إلا الله وحده صدق وعده ونصر عبده وأعز جنده وهزم الأحزاب وحده.
لا إله إلا الله والله أكبر الله أكبر ولله الحمد.
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام علي سيد المرسلين سيدنا محمد وعلي آله وصحبه أجمعين.
أشهد أن لا إله إلا الله وأشهد أن محمدا رسول الله. أما بعد:
فيا عباد الله اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون.
عباد الله إن يومكم هذا ليوم عظيم وعيد كريم. أحل الله لكم فيه الطعام وحرم عليكم الصيام. يوم تسبيح وتهليل وتكبير وتعظيم وتقديس وتمجيد فقال جل جلاله.
إن تقرض الله قرضا حسنا يضاعفه لكم ويغفر لكم والله شكور حليم عالم الغيب والشهادة العزيز الحكيم.

Allahu Akbar Allah Maha Agung
Para sederek ingkang minulya.
Dinten pinika Kamis Wge, 1 Syawal 1426 utawi 3 Nopember 2005, dinten ingkang dipun agungaken dening ummat Islam sak jagad, inggih punika dinten Idul Fitri. Dinten punika dinten kemenangan kangge kita sedaya kanggenipun sedaya ummat Islam, menang jalaran ummat Islam setunggal wulan wetah, sak danguninng wulan Ramadan, nglampahi kewajiban siyam, tiyang Islam dipun uji keimananipun, disiplinipun, ketabahanipun, mentalipun lan sak pinunggalanipun.
Wonten dinten punika ummat Islam dipun sunnahaken solat Id wonten masjid utawi tanah lapang, kanti ngangge ageman ingkang paling sae lan resik ingkang dipun darbeni ugi ngangge wewangen ingkang amrik arum lan wangi, kados ingkang kasebat wonten Hadith:

عن الحسن السبط قال: أمرنا رسول الله ص.م في العيدين أن نلبس أجود ما نجد وأن نتطيب بأجود ما نجد وأن نضحي بأثمن ما نجد. رواه الحاكم
Artosipun:
Hasan Assbt ngendika: “Rasulullah saw. mrentah kita ing riyaya (Fitry lan Kurban) supaya nganggo penganggo kang paling apik, lan wewangen kang paling amrik, sarta kurban kewan kang paling larang (nalika Idul Adha}”.

Ummat Islam dipun sunnahaken ngatahaken takbir, tahmid suka lan syukur, nyuwun pangapunten dumateng sesami sarta ningkataken kadar silaturrahin.
Sak derengipun tindak nglaksanakaken salat Riyadi Fitri dipun sunnahaken dahar camilan kados ikang dipun tindakaken dening Kanjeng Nabi Muhammad, panjenenganipun dahar kurmo kanti wilangan ganjil sak derengipun tindak Solat Id (hadith dipun riwayataken Bukhari lan Ahmad)

Allahu Akbar, Allah Maha Agung
Para Sederek ingkang minulya

Tahun punika ummat Islam kathah nampi pacoban lan bilahi awit saking wujuding polahing alam kados denten, lindu ageng kanthi kurban manungsa ingkang kathah, tanah longsor banjir bandang ingkang ngrisak samubarang, angin lesus ingkang ngrubuhaken kekayon lan griya, panyakit ingkang rekaos pengobatanipun kados denten Demam Berdarah, SAR, Aids lan Flu Burung ingkang sak mangke sampun sumrambah dumateng meh sedaya negari ing donya. Katahing bencana alam saged dipun sebabaken saking kesalahaning manungsa utawi ugi saged kapancing dening dosaning tiyang katah. Pacoban lintunipun inggih punika ingkang kasebabaken saking bejating akhlaq manungsa ingkang arupi punapa kemawon umpaminipun: kathahing paeka lan apus-apus, besel lan sogok, lelampahan ma lima ingkang dados jamak lumrah ing masyarakat, karupsi ingkang sampun wradin dumugi sembarang panggenan saking tingkatan inggil ngantos tingkatan andap. Awit saking DPR, Kementrian, Mahkamah Agung ngantos tingkatan andap wonten pedusunan ingkang arupi perampasan hak fakir miskin: raskin lan arta kompensasi BBM, bantuan korban bencana alam dipun korupsi dening para petugas lan tiyang ingkang gadah kesempatan. Wonten babagan hukum lan keadilan mboten saged dipun wujudaken. Saben tiyang ngiter kepentingan pribadi piyambak piyambak mboten perduli dumateng kepentingan tiyang sanes, malah seneng jejogedan suka pari suka ing sak nginggiling jenazahipun sederek lan kanca. Ngraosaken kenikmatan saking kasengsaraning tiyang, konco malah sederek piyambak, mbok bilih punika pratanda zaman manungsa mangan manungsa sampun dumugi

Para sederek ingkang minulya:
Kanti jiwaning Riyadi Fitrah punika saged kagambaraken kados pundi kahanan masyarakat ingkang makmur lan sejahtera srawung antawising sesami ketingal akrab lan rukun. Ummat Islam ing dinten punika dipun haramaken siyam dipun parengaken suka parisuka awujud lelagon ingkang sae, ingkang mboten nggebal syara’ agami. Para pakir miskin dipun ajak sami-sami seneng, bahan tetedan dipun cukupi pramila ummat Islam ingkang mampu dipun wajibaken ngedalaken zakat fitrah kangge nyuceni diri pribadi lan kangge nyantuni para sederek ingkang kekirangan. Kanjeng Nabi Muhammad saw ngendika:
ليس بمؤمن من بات شبعان وجاره إلي جنبه جائع وهو يعلم. (رواه الطبرانى و البيهقى وإسناده حسن)
“Ora bisa digolongake wong iman, sing sapa bisa turu kepenak ananging tanggane keluwen kamangka deweke weruh”.

Kewajiban njagi hubungan sae kalian tangga tepalih mboten namung kapatrapaken ing dinten riyadi kemawon ananging kangge selawasing gesang. Hubungan tali pasederekan antar sesami mboten perlu pilih-pilih, ingkang miskin lan kekirangan malah kedah dipun rengkuh sak sae saenipun.

Kados makaten Islam memperhatosaken nasib kawula alit, njagi keseimbangan antawising sugih lan miskin sahingga ketenteremaning masyarakat saged kawujudaken lan kajagi kanthi saestu pramila keimanan umat Islam saged kapageri. Katah kedadosan ingkang saged kita tingali ing masyarakat muslim miskin ingkang pindah agami jalaran pikantuk iming iming beras, supermi, beasiswa sekolah, pedamelan utawi punapa kemawon ingkang saged nutupi kebutuhan utawi kepinginanipun. Tiyang miskin saged awujud; miskin bondo, miskin kesehatan, miskin gizi, miskin ilmu, miskin pangertosan, miskin moral lan sedaya bentuk kemiskinan saged njalari tipising iman lan cedak dumateng kekufuran. Kanjeng Nabi Muhammad ngendika wonten hadithipun
كاد الفقر أن يكون كفرا (رواه أبو نعيم)
“Meh wae kefakiran iku ndadekake kekafiran”

Miskin banda ananging suging kepenginan saged nggiring manungsa dumateng tumindak ingkang nggebal syara’; nyolong, ngapusi, main, ngrampok, korupsi lan sak pinunggalanipun. Miskin kesehatan ingkang mbetahaken pengobatan saged nggeret manungsa tumindak kemusyrikan; nyuwun saras dumateng kayu watu, dukun prewangan, ahli nujum, ahli ramal, tukang sulap, jin, setan, keris, jimat lan sak konca kancanipun. Miskin ilmu lan pangertosan saged njlomprongaken tiyang dateng tumindak bodo; nyembah reca, nyembah manungsa lintunipun dados penjilat, nyembah brahala, nyembah hawa nafsu, mangan barang batal lan haram, mboten percados dumateng suwargo neraka, ingkang punika sedaya dados tumindake para kapir. Miskin moral saged njalari tumindak jahat, daksia dumateng sak pada, kumalungkung, adigung adiguna, ora ngerti sapa sira sapa imgsun.
Pramila ummat Islam dipun wajibaken ngupadi ilmu wiwit lahir ngantos pejah, dipun wajibaken njagi kesehatan, ngudi banda lan rizki. Wonten Al Qur’an dipun sebataken:
فإذا قضيت الصلاة فانتشروا في الأرض وابتغوا من فضل الله (الجمعة10)
“Lamunto salat wis bubar mangka pada sumebara ing lumahing bumi kanggo ngupadi rezkine Allah”

Wonten ajaran Islam tata cara ngupadi rizki dipun atur ngangge aturan ingkang sae mboten kenging nyilakani tiyang lintu umpaminipun ngesuk galeng, ngurut gabah, ngijo, nyolong toya, nyukat timbangan, nganakne duwit, udu buntut, ngingu tuyul, nyadran lan sak padanipun. Wonten ing babagan sesrawungan lan petungan dol tinuku dipun anjuraken supados sami gampilipun, kados kasebat wonten hadis bilih Gusti Allah ngasihi tiyang ingkang lembar manah sarta gampil srawung lan petung.
عن جابر بن عبد الله رضي الله عنهما أن رسول الله صلي الله عليه وسلم قال: رحم الله رجلا سمحا إذا باع وإذا اشتري وإذا اقتضى (رواه البخاري والترمذي وابن ماجة )
“Dipun riwayataken saking Jabir bin Abdullah r.a. rasulullah s.a.w. ngendika: “Gusti Allah ngasihi wong kang gampang yen adol lan gampang yen tuku sarta gampang nampa keputusan” (HR Turmudzi lan ibn Majah)

Allahu Akbar
Para jamaah ingkang minulya
Kanjeng nabi Muhammad s.a.w. ngajari para penderekipun kados pundi ngupadi rizki; umat Islam kedah manut sunnahipun Allah ingkang awujud sebab akibat, pramila sedaya kedah lumampah kanthi wajar lan tinemu nalar. Ngupadi rizki sak kiyatipun sampun ngantos anggenipun usaha ngantos kelangkung langkung; suku dados sirah, sirah dados suku, siang dados dalu dalu dados siang, ingkang leres sedaya punika tetep manggon wonten panggenanipun piyambak-piyambak. Kosok wangsulipun ugi klentu tiyang kepengin banda katah, rizki melimpah ananging namung tenguk-tenguk nglamun lan ngundamana Pangeran tanpa usaha punapa punapa kados kasebataken wonten salah setunggaling hadith:

لا يقعدن أحدكم عن طلب الرزق ويقول: اللهم ارزقني ! وقد علم أن السماء لا تمطر ذهبا ولا فضة
“Aja pisan pisan kowe sila lungguh tenguk-tenguk karo nyenyuwun; Duh Pangeran mugia Panjenengan paring rizki dumateng kawula! Setuhune deweke ngerti menawa langit ora bakal udan emas utawa perak”

Allahu Akbar
Para Jama’ah ingkang minulya
Wonten surat Al Anfal kasebataken
واعلموا أنما أموالكم وأولادكم فتنة وأن الله عنده أجر عظيم (الأنفال 28)
“Pada ngertiya menawa setuhune banda lan anakmu iku dadi fitnah, setuhune Allah kagungan ganjaran kang agung”

Penyebab perselisihan lan perpecahan ingkang paling katah inggih punika raja brana, banda donya. Banda saged ndadosaken tiyang romaos unggul, kuwasa, duwur drajate, abadi, gumedhe lan sak pinunggalane. Jalaran banda saged ndadosaken tiyang iri, drengki, tamak, kepengin handarbeni. Cekaking rembag banda donya sering nyebabken bencana lan perselisihan senajan tunggal dulur, tunggal agama, lan tunggal bangsa.
Agami kita sanget sengid dumateng perselisihan, sedaya ummat beriman punika dados sederek
إنما المؤمنون اخوة (الحجرات 10)
“Setuhune wong iman iku sedurlur” (Al Hujurat 10)
المؤمن للمؤمن كالبنيان يشد بعضه بعضا
“Setuhune wong iman iku kaya dene bangunan kang pada ndadekake kuat”

Tiyang mukmin kaibarataken bangunan ingkang sedaya bagianipun sesarengan sami ngiyataken lan ngukuhaken. Menawi bangunan nggadahi perangan ngandap, tengah lan inggil, alit, ageng lan sedengan; bentuk segi empat, segi tiga, kerucut, tanpa bentuk sedaya saged manggen wonten panggenaipun piyambak-piyambak, punika njalari kukuhing bangunan. Semanten ugi manungsa wonten masyarakat mu’min ingkang kathah corak ragamipun menawi saben tiyang punika manggen wonten panggenanipun piyambak-piyambak, tebih saking iri lan dengki, yektos masyarakat punika saged kiyat lan enggal nggayuh masyarakat adil makmur, baldatun thoyibatun wa rabbunn ghofur.

Para jamaah ingkang minulya
Idul Fitri punika ngemu printah persatuan lan pasederekan. Mangga kita ing dusun Gontor kelebet ingkang wonten ing kampus Pondok Modern Darussalam punika tansah saged njagi persatuan kangge mbangun dusun kita kangge nggayuh kemajuan lan kesejahteraan donya lan akherat Persatuan lan pasederekan saged kawujudaken menawi kita tansah manut aturan agami ningali sesamining manungsa sami drajatipun, ninggalaken sedaya ingkang beda nebihi fitnah lan drengki mboten ngina sak pada-pada, kados kasebat wonten Al Qur’an Surat Al Hujurat ayat 11 :
يا أيها الذين آمنوا لا يسخر قوم من قوم عسي أن يكونوا خيرا منهم ولا نساء من نساء عسي أن يكن خيرا منهن ولا تلمزوا أنفسكم ولا تنابزوا بالألقاب بئس الاسم الفسوق بعد الإيمان ومن لم يتب فأولئك هم الظالمون. (الحجرات 11)
“He wong kang pada iman, aja pisan-pisan salah sijine kaum lanang ngina kaum lanang liyane, bisa uga sing di ina luwih becik tinimbang sing diina, lan aja pisan pisan kaum putri ngina marang kaum liyane bisa uga sing diina luwih apik tinimbang sing ngina. Lan aja ngundang nganggo jeneng julukan, sak ala alaning jeneng yaiku jeneng sak wuse iman (dijenengi fasik, kafir lan liya liyane) lan sapa wonge kang ora gelem tobat deweke iku klebu gilongane wong kang pada dholim”
Wonten ayat 13 kesebataken
يا أيها الناس إنا خلقناكم من ذكر وأنثي وجعلناكم شعوبا وقبائل لتعارفوا إن أكرمكم عند الله أتقاكم إن الله عليم خبير. (الحجرات 13)
“He para manungsa Ingsun wus nyiptakake kowe kabeh saka lanang lan wadon, lan uga ndadekake kowe kabeh bangsa bangsa lan suku suku supaya kowe kabeh pada kenal, setuhune sing paling mulya ing antarane kowe kabeh mungguhing Gusti Allah yaiku sing paling takwa, setuhune Gusti Allah Maha wuninga lan Maha magerti”

Allahu Akbar
Para Jamaah Salat Idul Fitri ingkang minulya
Saking awal khutbah ngantos akhir khutbah saged kita pendet pelajaran:
1. Idul Fitri nggadahi pesan kedilan, persatuan, perdamain, paseduluran sarta persamaan
2. Perdamaian lan persamaan saged dipun wujudaken ngangge silaturrahim lan sifat gampil paring pangapunten sarta nebihi sifat linangkung lan adigung.
3. Silaturrahim lan sifat pemaaf nggiring ummat dumateng wujud bangunan masyarakat ingkang kiat, adil lan makmur.
4. Tujuan akhir inggih punika mujudaken agami Islam ya’lu wala yu’la alaih, sarta dados rahmatan lill’alamin.

جعلنا الله وإياكم من الفائزين الآمنين وأدخلنا وإياكم في زمرة الموحدين. أعوذ بالله من الشيطان الرجيم. إن تقرض الله قرضا حسنا يضاعفه لكم ويغفر لكم والله شكور حليم عالم الغيب والشهادة العزيز الحكيم وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الراحمين.
KHUTBAH KEDUA
الله اكبر × 6 الله اكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا. الحمد لله العليم الحليم الغفار, العظيم القهار, الذي لا تخفي معرفته علي من نظر في بدائع مملكته بعين الاعتبار. وأشهد أن لا اله إلا الله وحده لا شريك له شهادة من شهد بها يفوز في دار القرار. وأشهد أن محمدا عبده ورسوله صلي الله عليه وسلم وعلي آله وأصحابه الطاهرين الأخيار وسلم تسليما كثيرا. أما بعد:
فيا أيها الناس اتقوا الله وأطيعوا الله وأطيعوا الرسول وأولي الأمر منكم إن الله وملائكته يصلون علي النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما. اللهم صل وسلم علي سيدنا محمد وعلي آله وصحبه والتابعين وارض عنا معهم برحمتك يا أرحم الراحمين. اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات. اللهم ادفع عنا الغلاء والبلاء والفحشاء والمنكر والجدب والقحط والوباء والسيوف المختلفة والشدائد والمصائب والدين والمرض والمحن والفتن ما ظهر منها وما بطن من بلدنا هذا خاصة ومن بلدان المسلمين عامة انك علي كل شئ قدير. ربنا اغفر لنا ولإخواننا الذين سبقونا بالإيمان ولا تجعل في قلوبنا غلا للذين آمنوا ربنا إنك رؤوف رحيم.
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته.
Pondok Modern Gontor I
Kamis 1 Syawal 1426 / 3 Nopember 2005

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الله أكبر × 9
الله أكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا. لا إله إلا الله ولا نعبد إلا إياه مخلصين له الدين ولو كره الكافرون.
لا إله إلا الله وحده صدق وعده ونصر عبده وأعز جنده وهزم الأحزاب وحده.
لا إله إلا الله والله أكبر الله أكبر ولله الحمد.
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام علي سيد المرسلين سيدنا محمد وعلي آله وصحبه أجمعين.
أشهد أن لا إله إلا الله وأشهد أن محمدا رسول الله. أما بعد:
فيا عباد الله اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون.
عباد الله إن يومكم هذا ليوم عظيم وعيد كريم. أحل الله لكم فيه الطعام وحرم عليكم الصيام. يوم تسبيح وتهليل وتكبير وتعظيم وتقديس وتمجيد فقال جل جلاله.
إن تقرض الله قرضا حسنا يضاعفه لكم ويغفر لكم والله شكور حليم عالم الغيب والشهادة العزيز الحكيم.

Allahu Akbar Allah Maha Agung
Para sederek ingkang minulya.
Dinten pinika Kamis Wge, 1 Syawal 1426 utawi 3 Nopember 2005, dinten ingkang dipun agungaken dening ummat Islam sak jagad, inggih punika dinten Idul Fitri. Dinten punika dinten kemenangan kangge kita sedaya kanggenipun sedaya ummat Islam, menang jalaran ummat Islam setunggal wulan wetah, sak danguninng wulan Ramadan, nglampahi kewajiban siyam, tiyang Islam dipun uji keimananipun, disiplinipun, ketabahanipun, mentalipun lan sak pinunggalanipun.
Wonten dinten punika ummat Islam dipun sunnahaken solat Id wonten masjid utawi tanah lapang, kanti ngangge ageman ingkang paling sae lan resik ingkang dipun darbeni ugi ngangge wewangen ingkang amrik arum lan wangi, kados ingkang kasebat wonten Hadith:

عن الحسن السبط قال: أمرنا رسول الله ص.م في العيدين أن نلبس أجود ما نجد وأن نتطيب بأجود ما نجد وأن نضحي بأثمن ما نجد. رواه الحاكم
Artosipun:
Hasan Assbt ngendika: “Rasulullah saw. mrentah kita ing riyaya (Fitry lan Kurban) supaya nganggo penganggo kang paling apik, lan wewangen kang paling amrik, sarta kurban kewan kang paling larang (nalika Idul Adha}”.

Ummat Islam dipun sunnahaken ngatahaken takbir, tahmid suka lan syukur, nyuwun pangapunten dumateng sesami sarta ningkataken kadar silaturrahin.
Sak derengipun tindak nglaksanakaken salat Riyadi Fitri dipun sunnahaken dahar camilan kados ikang dipun tindakaken dening Kanjeng Nabi Muhammad, panjenenganipun dahar kurmo kanti wilangan ganjil sak derengipun tindak Solat Id (hadith dipun riwayataken Bukhari lan Ahmad)

Allahu Akbar, Allah Maha Agung
Para Sederek ingkang minulya

Tahun punika ummat Islam kathah nampi pacoban lan bilahi awit saking wujuding polahing alam kados denten, lindu ageng kanthi kurban manungsa ingkang kathah, tanah longsor banjir bandang ingkang ngrisak samubarang, angin lesus ingkang ngrubuhaken kekayon lan griya, panyakit ingkang rekaos pengobatanipun kados denten Demam Berdarah, SAR, Aids lan Flu Burung ingkang sak mangke sampun sumrambah dumateng meh sedaya negari ing donya. Katahing bencana alam saged dipun sebabaken saking kesalahaning manungsa utawi ugi saged kapancing dening dosaning tiyang katah. Pacoban lintunipun inggih punika ingkang kasebabaken saking bejating akhlaq manungsa ingkang arupi punapa kemawon umpaminipun: kathahing paeka lan apus-apus, besel lan sogok, lelampahan ma lima ingkang dados jamak lumrah ing masyarakat, karupsi ingkang sampun wradin dumugi sembarang panggenan saking tingkatan inggil ngantos tingkatan andap. Awit saking DPR, Kementrian, Mahkamah Agung ngantos tingkatan andap wonten pedusunan ingkang arupi perampasan hak fakir miskin: raskin lan arta kompensasi BBM, bantuan korban bencana alam dipun korupsi dening para petugas lan tiyang ingkang gadah kesempatan. Wonten babagan hukum lan keadilan mboten saged dipun wujudaken. Saben tiyang ngiter kepentingan pribadi piyambak piyambak mboten perduli dumateng kepentingan tiyang sanes, malah seneng jejogedan suka pari suka ing sak nginggiling jenazahipun sederek lan kanca. Ngraosaken kenikmatan saking kasengsaraning tiyang, konco malah sederek piyambak, mbok bilih punika pratanda zaman manungsa mangan manungsa sampun dumugi

Para sederek ingkang minulya:
Kanti jiwaning Riyadi Fitrah punika saged kagambaraken kados pundi kahanan masyarakat ingkang makmur lan sejahtera srawung antawising sesami ketingal akrab lan rukun. Ummat Islam ing dinten punika dipun haramaken siyam dipun parengaken suka parisuka awujud lelagon ingkang sae, ingkang mboten nggebal syara’ agami. Para pakir miskin dipun ajak sami-sami seneng, bahan tetedan dipun cukupi pramila ummat Islam ingkang mampu dipun wajibaken ngedalaken zakat fitrah kangge nyuceni diri pribadi lan kangge nyantuni para sederek ingkang kekirangan. Kanjeng Nabi Muhammad saw ngendika:
ليس بمؤمن من بات شبعان وجاره إلي جنبه جائع وهو يعلم. (رواه الطبرانى و البيهقى وإسناده حسن)
“Ora bisa digolongake wong iman, sing sapa bisa turu kepenak ananging tanggane keluwen kamangka deweke weruh”.

Kewajiban njagi hubungan sae kalian tangga tepalih mboten namung kapatrapaken ing dinten riyadi kemawon ananging kangge selawasing gesang. Hubungan tali pasederekan antar sesami mboten perlu pilih-pilih, ingkang miskin lan kekirangan malah kedah dipun rengkuh sak sae saenipun.

Kados makaten Islam memperhatosaken nasib kawula alit, njagi keseimbangan antawising sugih lan miskin sahingga ketenteremaning masyarakat saged kawujudaken lan kajagi kanthi saestu pramila keimanan umat Islam saged kapageri. Katah kedadosan ingkang saged kita tingali ing masyarakat muslim miskin ingkang pindah agami jalaran pikantuk iming iming beras, supermi, beasiswa sekolah, pedamelan utawi punapa kemawon ingkang saged nutupi kebutuhan utawi kepinginanipun. Tiyang miskin saged awujud; miskin bondo, miskin kesehatan, miskin gizi, miskin ilmu, miskin pangertosan, miskin moral lan sedaya bentuk kemiskinan saged njalari tipising iman lan cedak dumateng kekufuran. Kanjeng Nabi Muhammad ngendika wonten hadithipun
كاد الفقر أن يكون كفرا (رواه أبو نعيم)
“Meh wae kefakiran iku ndadekake kekafiran”

Miskin banda ananging suging kepenginan saged nggiring manungsa dumateng tumindak ingkang nggebal syara’; nyolong, ngapusi, main, ngrampok, korupsi lan sak pinunggalanipun. Miskin kesehatan ingkang mbetahaken pengobatan saged nggeret manungsa tumindak kemusyrikan; nyuwun saras dumateng kayu watu, dukun prewangan, ahli nujum, ahli ramal, tukang sulap, jin, setan, keris, jimat lan sak konca kancanipun. Miskin ilmu lan pangertosan saged njlomprongaken tiyang dateng tumindak bodo; nyembah reca, nyembah manungsa lintunipun dados penjilat, nyembah brahala, nyembah hawa nafsu, mangan barang batal lan haram, mboten percados dumateng suwargo neraka, ingkang punika sedaya dados tumindake para kapir. Miskin moral saged njalari tumindak jahat, daksia dumateng sak pada, kumalungkung, adigung adiguna, ora ngerti sapa sira sapa imgsun.
Pramila ummat Islam dipun wajibaken ngupadi ilmu wiwit lahir ngantos pejah, dipun wajibaken njagi kesehatan, ngudi banda lan rizki. Wonten Al Qur’an dipun sebataken:
فإذا قضيت الصلاة فانتشروا في الأرض وابتغوا من فضل الله (الجمعة 10)
“Lamunto salat wis bubar mangka pada sumebara ing lumahing bumi kanggo ngupadi rezkine Allah”

Wonten ajaran Islam tata cara ngupadi rizki dipun atur ngangge aturan ingkang sae mboten kenging nyilakani tiyang lintu umpaminipun ngesuk galeng, ngurut gabah, ngijo, nyolong toya, nyukat timbangan, nganakne duwit, udu buntut, ngingu tuyul, nyadran lan sak padanipun. Wonten ing babagan sesrawungan lan petungan dol tinuku dipun anjuraken supados sami gampilipun, kados kasebat wonten hadis bilih Gusti Allah ngasihi tiyang ingkang lembar manah sarta gampil srawung lan petung.
عن جابر بن عبد الله رضي الله عنهما أن رسول الله صلي الله عليه وسلم قال: رحم الله رجلا سمحا إذا باع وإذا اشتري وإذا اقتضى (رواه البخاري والترمذي وابن ماجة )
“Dipun riwayataken saking Jabir bin Abdullah r.a. rasulullah s.a.w. ngendika: “Gusti Allah ngasihi wong kang gampang yen adol lan gampang yen tuku sarta gampang nampa keputusan” (HR Turmudzi lan ibn Majah)

Allahu Akbar
Para jamaah ingkang minulya
Kanjeng nabi Muhammad s.a.w. ngajari para penderekipun kados pundi ngupadi rizki; umat Islam kedah manut sunnahipun Allah ingkang awujud sebab akibat, pramila sedaya kedah lumampah kanthi wajar lan tinemu nalar. Ngupadi rizki sak kiyatipun sampun ngantos anggenipun usaha ngantos kelangkung langkung; suku dados sirah, sirah dados suku, siang dados dalu dalu dados siang, ingkang leres sedaya punika tetep manggon wonten panggenanipun piyambak-piyambak. Kosok wangsulipun ugi klentu tiyang kepengin banda katah, rizki melimpah ananging namung tenguk-tenguk nglamun lan ngundamana Pangeran tanpa usaha punapa punapa kados kasebataken wonten salah setunggaling hadith:

لا يقعدن أحدكم عن طلب الرزق ويقول: اللهم ارزقني ! وقد علم أن السماء لا تمطر ذهبا ولا فضة
“Aja pisan pisan kowe sila lungguh tenguk-tenguk karo nyenyuwun; Duh Pangeran mugia Panjenengan paring rizki dumateng kawula! Setuhune deweke ngerti menawa langit ora bakal udan emas utawa perak”

Allahu Akbar
Para Jama’ah ingkang minulya
Wonten surat Al Anfal kasebataken
واعلموا أنما أموالكم وأولادكم فتنة وأن الله عنده أجر عظيم (الأنفال 28)
“Pada ngertiya menawa setuhune banda lan anakmu iku dadi fitnah, setuhune Allah kagungan ganjaran kang agung”

Penyebab perselisihan lan perpecahan ingkang paling katah inggih punika raja brana, banda donya. Banda saged ndadosaken tiyang romaos unggul, kuwasa, duwur drajate, abadi, gumedhe lan sak pinunggalane. Jalaran banda saged ndadosaken tiyang iri, drengki, tamak, kepengin handarbeni. Cekaking rembag banda donya sering nyebabken bencana lan perselisihan senajan tunggal dulur, tunggal agama, lan tunggal bangsa.
Agami kita sanget sengid dumateng perselisihan, sedaya ummat beriman punika dados sederek
إنما المؤمنون اخوة (الحجرات 10)
“Setuhune wong iman iku sedurlur” (Al Hujurat 10)
المؤمن للمؤمن كالبنيان يشد بعضه بعضا
“Setuhune wong iman iku kaya dene bangunan kang pada ndadekake kuat”

Tiyang mukmin kaibarataken bangunan ingkang sedaya bagianipun sesarengan sami ngiyataken lan ngukuhaken. Menawi bangunan nggadahi perangan ngandap, tengah lan inggil, alit, ageng lan sedengan; bentuk segi empat, segi tiga, kerucut, tanpa bentuk sedaya saged manggen wonten panggenaipun piyambak-piyambak, punika njalari kukuhing bangunan. Semanten ugi manungsa wonten masyarakat mu’min ingkang kathah corak ragamipun menawi saben tiyang punika manggen wonten panggenanipun piyambak-piyambak, tebih saking iri lan dengki, yektos masyarakat punika saged kiyat lan enggal nggayuh masyarakat adil makmur, baldatun thoyibatun wa rabbunn ghofur.

Para jamaah ingkang minulya
Idul Fitri punika ngemu printah persatuan lan pasederekan. Mangga kita ing dusun Gontor kelebet ingkang wonten ing kampus Pondok Modern Darussalam punika tansah saged njagi persatuan kangge mbangun dusun kita kangge nggayuh kemajuan lan kesejahteraan donya lan akherat Persatuan lan pasederekan saged kawujudaken menawi kita tansah manut aturan agami ningali sesamining manungsa sami drajatipun, ninggalaken sedaya ingkang beda nebihi fitnah lan drengki mboten ngina sak pada-pada, kados kasebat wonten Al Qur’an Surat Al Hujurat ayat 11
يا أيها الذين آمنوا لا يسخر قوم من قوم عسي أن يكونوا خيرا منهم ولا نساء من نساء عسي أن يكن خيرا منهن ولا تلمزوا أنفسكم ولا تنابزوا بالألقاب بئس الاسم الفسوق بعد الإيمان ومن لم يتب فأولئك هم الظالمون. (الحجرات 11)
“He wong kang pada iman, aja pisan-pisan salah sijine kaum lanang ngina kaum lanang liyane, bisa uga sing di ina luwih becik tinimbang sing diina, lan aja pisan pisan kaum putri ngina marang kaum liyane bisa uga sing diina luwih apik tinimbang sing ngina. Lan aja ngundang nganggo jeneng julukan, sak ala alaning jeneng yaiku jeneng sak wuse iman (dijenengi fasik, kafir lan liya liyane) lan sapa wonge kang ora gelem tobat deweke iku klebu gilongane wong kang pada dholim”
Wonten ayat 13 kesebataken

يا أيها الناس إنا خلقناكم من ذكر وأنثي وجعلناكم شعوبا وقبائل لتعارفوا إن أكرمكم عند الله أتقاكم إن الله عليم خبير. (الحجرات 13)
“He para manungsa Ingsun wus nyiptakake kowe kabeh saka lanang lan wadon, lan uga ndadekake kowe kabeh bangsa bangsa lan suku suku supaya kowe kabeh pada kenal, setuhune sing paling mulya ing antarane kowe kabeh mungguhing Gusti Allah yaiku sing paling takwa, setuhune Gusti Allah Maha wuninga lan Maha magerti”

Allahu Akbar
Para Jamaah Salat Idul Fitri ingkang minulya
Saking awal khutbah ngantos akhir khutbah saged kita pendet pelajaran:
5. Idul Fitri nggadahi pesan kedilan, persatuan, perdamain, paseduluran sarta persamaan
6. Perdamaian lan persamaan saged dipun wujudaken ngangge silaturrahim lan sifat gampil paring pangapunten sarta nebihi sifat linangkung lan adigung.
7. Silaturrahim lan sifat pemaaf nggiring ummat dumateng wujud bangunan masyarakat ingkang kiat, adil lan makmur.
8. Tujuan akhir inggih punika mujudaken agami Islam ya’lu wala yu’la alaih, sarta dados rahmatan lill’alamin.

جعلنا الله وإياكم من الفائزين الآمنين وأدخلنا وإياكم في زمرة الموحدين. أعوذ بالله من الشيطان الرجيم. إن تقرض الله قرضا حسنا يضاعفه لكم ويغفر لكم والله شكور حليم عالم الغيب والشهادة العزيز الحكيم وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الراحمين.

II
الله اكبر × 6 الله اكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا. الحمد لله العليم الحليم الغفار, العظيم القهار, الذي لا تخفي معرفته علي من نظر في بدائع مملكته بعين الاعتبار. وأشهد أن لا اله إلا الله وحده لا شريك له شهادة من شهد بها يفوز في دار القرار. وأشهد أن محمدا عبده ورسوله صلي الله عليه وسلم وعلي آله وأصحابه الطاهرين الأخيار وسلم تسليما كثيرا. أما بعد:
فيا أيها الناس اتقوا الله وأطيعوا الله وأطيعوا الرسول وأولي الأمر منكم إن الله وملائكته يصلون علي النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما. اللهم صل وسلم علي سيدنا محمد وعلي آله وصحبه والتابعين وارض عنا معهم برحمتك يا أرحم الراحمين. اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات. اللهم ادفع عنا الغلاء والبلاء والفحشاء والمنكر والجدب والقحط والوباء والسيوف المختلفة والشدائد والمصائب والدين والمرض والمحن والفتن ما ظهر منها وما بطن من بلدنا هذا خاصة ومن بلدان المسلمين عامة انك علي كل شئ قدير. ربنا اغفر لنا ولإخواننا الذين سبقونا بالإيمان ولا تجعل في قلوبنا غلا للذين آمنوا ربنا إنك رؤوف رحيم.
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar